Minggu, 06 Maret 2016

Ndi Janjine Bupati Petahana Siki, Aja Asal Ngucap

Kecamatan Purwojati

Esih Kemutan lagi wektu kampanye calon Bupati lan Wakil Bupati, Kabeh wong ngudang-ngudang Bupati siki sing paling bisa kerja karo arep gawe kemakmuran masyakat. Tapi ujarku urung ana katon sing genah program sing di kanggo perubahan sing lewih apik.

Gemiyen tuli wis tau ngucap, arep mbelani rakyat tapi deneng siki nglenthem ora ngurusi janjine sing tau diucapna jaman kampanye.Ganu calone karo pendukunge pada seneng nyacad Bupati sedurunge tapi malah dewek tambah ora karu-karuan.

Programe pembanguna ora sesuai janji karo visi misi calon Bupati sing pada digawe deweke ganu, Wong pada ora mikir, wis pada gawe program lan gawe bupati ora dikawal babar blas, apa pada lengob kabeh apa inyong sing wis linglung ganu ora krungu karo ora weruh tapi siki nuntut janji karena wis krungu karo weruh?

Ndi Pedukunge Buoati Petahana jajal siki pada ngomong dingantek ambe cangkeme Bupati sikilewih apik karo bupati ganu lan wis nepati janjine, jajal aku kepengin weuh

0 komentar:

Posting Komentar